20/10/2022

SRAH-SRAH-AN MANTEN

Senin tanggal 17 Oktober 2022 jam 20:49 tiba-tiba sahabat karib saat mengurus Koperasi Sekolah (Pak Supadno Robertus: Wedi, Klaten) telpon via HP, selain cerita2, juga menanyakan tentang contoh teks "Pasrah Manten".

Seingat saya teks itu sudah ada di Blog, tapi setelah saya cermati, ternyata belum ada.

Saya ingat-ingat, dulu pernah menulis untuk minangkani pamundhut dari kadang sepuh atau pepundhen saya (lenggah di perumahan Kaliurang IFI); Bp. Sudradjad. Beliau berasal dari Solo, bahasanya halus, apalagi Ibu Sudrajad, lebih halus lagi, layaknya putri Kraton. Makanya, saya nulis teks itu merasa agak canggung.

Supaya bisa dibaca dan dimanfaatkan oleh banyak netizen, biarlah tulisan itu saya unggah di Blog ini meski bahasa Jawa saya sebenarnya pas2-an dan cenderung ambil praktisnya saja. Dari sisi tata bahasa juga kadang nabrak-nabrak karena saya lebih mengedepankan komunikatip dan luwes.

Sebenarnya pengin bisa matur seperti salah satu 'Guru Tidak Langsung' saya; Bapak Giarto (Plosokuning, Minomartani) yang pilihan katanya tidak terlalu rumit tetapi luwes, endah, trep dan ngugemi tata-susila, udanegara.

Pantas saja beliau menjadi salah satu MC pada acara adat di pernikahan Gusti Bendara (Kraton Jogja) saat itu. Saya lupa, asma paring Dalem itu KRT (Siapa?).

 

Inilah arsip Srah2-an itu.


TULADHA
PASRAH GUNA-KAYA, UPAKARTI, PANINGSET

Friday, ‎August ‎23, ‎2013, ‏‎9:21:44 AM

 

 


 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
(Mugi sih nugrahaning Gusti tansah kajiwa-kasarira ing kita sami).

Nuwun, kepareng matur wonten ngarsanipun para pepundhen, pini sepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, para pangembating praja, pangarsaning paprentahan ing ....., para ulama (rohaniwan) ingkang tansah sumanding kitab suci wahyuning Illahi, para kadang muda sutresna, miwah sagunging para tamu ingkang kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dherekaken monjuk puji syukur wonten Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT (ingkang Maha Agung), ingkang awit saking sih nugrahanipun, kula lan penjenengan sami saget pepanggihan ing wisma ingkang kebak kabagyan menika.
Salawat saha salam mugi katetepna wonten ngarsanipun junjungan kita, Nabi Agung, Rasulullah Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu syafaatipun ngantos akhir Zaman.

Para lenggah ingkang kinurmatan, wosing gati sowan kula ing siyang/dalu punika, sinaraya kadang kula ..... Bp. ... ing ... Jakarta ingkang saperlu matur wonten ngarsanipun kulawarga (brayat) ageng Bp/Ibu ...... ing ....... Semarang:


Ingkang sepisan:
Kula sak rombongan saking ... Jakarta nyuwun (lumunturing sih) pangapunten mbok bilik sowan kula ing dalu menika kagalih kirang suba-sita, kepara radi randhat, mboten anetepi pepacak wekdal ingkang sampun katetepaken saking kulawarga Bp/Ibu ..... ing .... Semarang.

Kaping kalih:
Sowan kula kadhawuhan ngaturaken sungkem pangabekti miwah salam taklim konjuk ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh lan kadang-kadang wredha-mudha kulawarga ageng Bp/Ibu ...... ing ........ Semarang kanthi atur: “Assalamu’alaikum Wr. Wb.”

Kaping tiga:
Nglajengaken rembag ingkang sampun kawuri, kacihna bilih penjenenganipun Bp/Ibu ........ ing ....... Semarang sampun amarengaken keng putra, pun Rara .............  badhe jinatu-krama dening anak kula pun Bagus ....................... , mila saking keparengipun kadang kula Bp/Ibu ..................... ing ..... Jakarta, kula kadhawuhan ngaturaken guna srana (upakarti, tali-asih lan paningset) ingkang wujudipun: (menyesuaikan, kalau diutarakan satu per satu):
1.    Pisang ayu
2.    Ageman sak pengadeg
3.    Pesing (sinjang kagem eyang manten putri)
4.    Tali asih (angsal-angsal); jadah, ... dsb
5.    Sawetawis arta
6.    Sesupe minangka paningset
7.    .. dsb.

Kaping sekawan <menyesuaikan acara>:
Netepi rerantaman ingkang sampun karembag, keparenga sowan kula ing ngriki nglarapaken putra calon temanten kakung. Mbok bilih sampun jangkep reh reh tata rakiting adat-istiadat miwah syarat rukuning akad-nikah, Bp/Ibu ......... (Jkt) nyuwun kanthi sanget, keparenga Bp ...... andhaupaken calon putra temanten kekalih, pun Bagus .....  miwah Rara ......

Kaping gangsal <optional>:
Bp/Ibu ... (Jkt) nyuwun gungan dhateng para lenggah, keparenga paring donga pangestu dhateng calon temanten kekalih, mugi tumapaking adi-cara wiwit dalu menika, kalajengaken mbenjang ing acara akad nikah,  resepsi/ tasyakuran ngantos sak paripurnanipun saget-a lumampah rancag tanpa rubeda setunggal menapa. Semanten ugi, dhauping putra temanten kekalih saget-a nutuki kekudanganipun tiyang sepuh, dados-a keluarga ingkang sakinah.

Kaping enem <menyesuaikan acara>:
Mbok bilih mangke adicara ing dalu menika sampun kapenggalih cekap, keparenga kula sak rombongan nyuwun pamit, tambahing pangestu ingkang kula suwun murih wilujeng sa-lampah kula, semanten-a ingkang lenggah ing .... Semarang tetep-a manggih rahayu, suka basuki.

Mekaten atur kula, billahi taufiq wal hidayah
Wasalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.